Showing posts with label pembawa acara / pembagyo. Show all posts
Showing posts with label pembawa acara / pembagyo. Show all posts

sulih sarira / wakil tuan rumah / mc pengantin bahasa jawa



Assalamu’alaikum wr wb
Rumentahing puji hastuti saking ngarsa dalem gusti ingkang murba ing dumadi mugi tansah tumedak tuwin tumanduk wonten ing ngarso sariro handika sami, warading sagung dumadi.
Katur  dumateng panjenganipun bapa .... ingkang tuhu kinabekten saha panjenenganipun bapa ....  ingkang minangka ingkang kagungan dalem ingakng pantes ha nampi sagunging ponokrama.
Minangka kapurwakaning atur, sumangga panjenengan sami tansah kula derekaken asung puji syukur tuwin panuwun wonten ing ngarsa dalem gusti ingkang maha agung. Awit ingkang kalodangan menika panjenengan sedaya dalah san kula tasih kepareng kempal manunggal ing wonten menika pepanggihan kanti ginanjar  ing kawilujengan kalis ing sambikala.
Para ndene sholawat saha salam tetepa ing ngarsa sesekaring bawana, ha nenggih rosul Muhammad SAW ingakng sak estu dados panuntuning umat, tuwin ingkang kacadong, menggah sih syafaatipun awit alam dunya ngantos dumugi akhirat
Dumateng panjenenganipun .... ingkang bagya mulya menggah wigatosing gati atur kula wonten ing ngarsa panjenengan inggih menika, minangka sulih sarira saking para kadang.
Nun inggih ingkang sepisan kula tansah nyuwun lumunturing samudra pangaksama, dene pisuwan kula sak kadang sak estu mboten saged nenebi suba sitaning lampah tuwin atur anggen sowan wonten ing dalemipun  bapa .....
Saha awit sedaya pasugatan, papan palenggahan, saha menapa kemawon ingkang sampun kaaturaken dateng  para kadang dalah san kula menika sak estu adamel rena, karana menika atur agunging panuwun ingkang da tanpa pinda kaaturaken dumateng bapa ... sakeluarga
Dungkap ingkang kapindo, gegandengan wekdal sampun sak wentawis dalu ugi lampahing adicara sampun kepareng bade purna, awit saking menika kula sak kadang bade madal pasilan, jengkar saking palenggahan, kanti nyuwun pamit dateng bapa ... sakeluarga
Hanamung mekaten ingkang saged kula aturaken, mbok bilih wonten ing sedaya panggelaring atur kula tansah katah kalepatanipun, ingkang sak estu tan damel rena wonten ing penggalih panjenegan sedaya, kula tansah handodo kanti nyuwun lumunturing sih samudra pangaksama, billahi taufil wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr Wb

Sulih sarira / pasrah pengantin bahasa jawa



Assalamu’alaikum wr wb
Katentreman, karaharjan, dalah sih kanugrahaning gusti ingkang maha wikan, mugia datanpo kendat anggenipun lumintu wonten ing ngarso sariro handiko sami nuwun nuwun kulo nuwun
Dumateng panjenenganipun bopo ......... ingkang sak estu pantes hanampi sagunging pakurmatan. Soho dumateng poro kadang redo kadang taruna ingkang dahat kinatresnan
Minangka purwakaning atur, sak derengipun kula ngaturaken menggah babaring sedaya atur kula wonten ing ngarsa panjenengan sedaya, inggih menika sulih sarira saking bapa...... / kula sekeluarga
Kepareng kula nderek ngluhuraken asmaning gusti ingkang maha kawasa, karana awit sih rahmat dalah kanugrahanipun, ingkang sahingga lampah panjenengan sedaya wiwit dalem sowang-sowang ngantos dumugi griya kula menika/ candak ipun bapa ....  menika , tansah kebak ing karaharjan ginanjar ing kawilujengan  tebih saking rubeda kalis ing sambikala.
Paradene sholawat dalah salam tansaha kunjuk wonten ing ngarsa dalem Nabiullah Muhammad SAW, kanti kempal manunggal wonten ing menika pepanggihan ingkang minangka talining paseduluran, mugia dadoso sebab pikantuke syafaat wonten ing benjang yaumul qiyamat. Amiin amiin ya robbal ‘alamin
Dumateng sagunging para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan sinahasa sampun radi sak wentawis telat, hananging mboten wonten awonipun yento kulo hangaturaken kasugengan menggah serawuh panjenengan sedaya kanti ngaturaken sugeng rawuh
Saha hambok bilih anggenipun nampi serawuh panjenengan sami kirang gapyak kirang semanak langkung-langkung anggenipun nyaosaken papan palenggahan dalah menopo kemawon mboten damel renaning penggalih panjenengan sedaya, panjenenganipun bapa .... sekeluarga nyuwun lumunturing pangaksomo kang da tanpo pindo
Menggah atur pamit ingkang sampun dipun aturaken deneng wakil panjenengan sami, kula hanamung saged ngaturaken sugeng kondur, mugi-mugi lampah panjenegan wiwit menika panggenan ngantos dumugining dalem sowang-sowang da tanpo manggihi alangan satunggal  menapa, parandene ingkang bade nerasaken lelenggahan, sak estu meniko panci ingakng dipun ajeng-ajeng deneng bapa ..... sekeluarga
Cekap semanten ingkang saged kawula aturaken awit sedaya kirang langkungipun anggen kawula matur, kala tansah nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum wr wb
Nuwun nuwun  matur  nuwun

PAMBAGYO HARJO / Pembawa acara bahasa jawa




PAMBAGYO HARJO
Assalamu 'alaikum Wr Wb
·         Muqoddimah
·         Dumateng poro sepuh pinisepuh ingkang satuhu kinabekten
·         Dumateng poro pangembaning projo, satrianing negari minongko dados song-songing poro kawulo dasih ingkang kinasih
·         Dumateng poro alim ulama ingkang tansah sinanding wahyuning Illahi ingkang tansah kulo mulyaaken
·         Dumateng poro hadirin – hadirot ingkang tansah kinurmatan
Sepindah monggo sesarengan kito ngaturaken raos syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring nikmat, hidayah lan taufik dateng kito sedoyo. Katitik kito saget makempal wonten ing majlis meniko kanthi wilujeng mboten wonten alangan nirboyo nir sambikolo
Rahmat ta’dhim soho rahmat keselametanipun Allah SWT mugi-mugi katur dateng Nabi Agung Muhammad SAW. Panjenenganipun rasul ingkang kautus Allah SWT. Kangge amilujengaken poro manungso saking ndunyo dumugi akhirat.
Poro lengggah ingkang kinurmatan perlu mangertosi bilih kulo ing mriki minangkani talange atur cundakane boso saking Bapak .................. dalah Ibu ............ sepindah badhe ngaturaken raos syukur kanthi ucapan Alhamdulillahi robbil ‘alamin wonten ing kalodangan meniko saged ngerawuhaken poro sederek saperlu mangestreni acoro walimatul ‘ursy kanti wilujeng.
Selajengipun sohibbul hajjah ngaturaken “Marhaban Ahlan Wasahlan Bihudhurikum”  Sugeng rawuh sugeng pinarakan matur suwun sanget, panjenengan sedoyo sampun keroyo-royo rawuh wonten mriki majlis, kangge ngerawuhi undanganipun Bapak .............. dalah Ibu ........................... mugi-mugi rawuh panjenengan angsal ridho lan barokah saking Allah SWT., amiin
Bapak .................. dalah Ibu ............... ngerawuhaken panjenengan sedoyo mboten sanes nyuwun tambahing do’a lan restu dumateng panjenengan sedoyo, mugiyo putro – putri ingkang nembe ngelampahi akad nikah mugiyo dadoso keluargo ingkang sakinah ma waddah warohmah , keparingan lare ingkang solih – solihah, jembar rezkinipun lan pikantuk barokah soho ridhanipun Allah SWT, amiin
Selajengipun kulo ngaturaken matur nuwun sanget dateng poro sederek ingkang sampun paring biyantu dateng Bapak .................. dalah Ibu ............... kanti sampurno  acara meniko. Saking Bapak .................. dalah Ibu ............... ,mboten saged paring piwales punopo-punopo anamung do’a “jazakumullah ahsanal jaza’jaza’an jaziilan”  
Kaping  tigonipun Bapak .................. dalah Ibu ............... nyuwun agunging pangapunten ingkang sak katah-katahipun atas kekirangan, kalepatan utawi kirang kasampurnan wonten ing acoro meniko, awit saking sambutanipun, papan pasebanipun soho pasugatan, utawi gupuh,lungguh lan suguh ingkang kirang mranani dateng penggalih panjenengan sedoyo
Sepindah malih kanthi meniko Bapak .................. dalah Ibu ............... sakderengipun soho sak sampunipun matur nuwun sanget dumateng poro rawuh sedoyo ingkang sampun kerso ngrawuhi dateng undanganipun Bapak .................. dalah Ibu ............... soho nyuwun agunging pangapunten ingkang katah, atas sedoyo kekirangan soho kalepatan sohibul hajjah .
Poro rawuh sedoyo, bilih kulo pribadi minangkani talanging atur wiwit awal ngantos akhir sampun kirang nyekecaaken dateng penggalih panjenengan sami, kulo nyuwun agunging samudro pangaksami, akhirulkalam wassalamu’alaikum Wr Wb






PRANATO CORO
·         Salam
·         Muqoddimah
·         Dumateng poro sepuh pinisepuh ingkang satuhu kinabekten
·         Dumateng poro pangembaning projo, satrianing negari minongko dados song-songing poro kawulo dasih ingkang kinasih
·         Dumateng poro alim ulama ingkang tansah sinanding wahyuning Illahi ingkang tansah kulo mulyaaken
·         Dumateng poro hadirin – hadirot ingkang tansah kinurmatan
Sepindah monggo sesarengan kito ngaturaken raos syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring nikmat, hidayah lan taufik dateng kito sedoyo. Katitik kito saget makempal wonten ing majlis meniko kanthi wilujeng mboten wonten alangan nirboyo nir sambikolo
Rahmat ta’dhim soho rahmat keselametanipun Allah mugi-mugi katur dateng Nabi Agung Muhammad SAW. Panjenenganipun rasul ingkang kautus Allah SWT. Kangge amilujengaken poro manungso saking ndunyo dumugi akhirat.
Poro hadirin ingkang kinurmatan
Wonten ing mriki kulo ingkang kajibah minangkani pranoto coro, bade ngaturaken reraci’ing acoro ...........................
1.      Adicoro ingkang sepindah pembikaan
2.      .
3.      .
Mekaten kolowau reraci’ing adicoro wonten ndalu / siang meniko. Sumonggo kangge iftitahul majlis acoro wonten ndalu/siang meniko kito bikak kanthi waosan al fatikhah kanti kulo dereaken  .................................... al fatihah
Mugiyo kanti waosan al fatihah kolowau acoro ........................... saget lumampah kanthi lancar wilujeng ngantos paripurno, amiin
Adicoro selajengipun ,....................
Poro hadirin ingkang kinurmatan adicoro ingkang pamungkas inggih meniko ................... ananging sakderengipun, kulo minangkani pranoto acoro saking awal dumugi akhir, anggenipun mimpin acoro katah kalepatan lan kekirangan, kirang totone atur lan tingkah kulo nyuwun agunging samudro pangaksami.
Akhirul kalam wassalamu’alaikum Wr. Wb
Dumateng panjenenganipun  ....................... kasumanggaken

















PAMBUKO YASINAN
·         Salam
·         Muqoddimah
·         Dumateng bapak soho poro ibu jama’ah yasinan ingkang kulo hormati
Sepindah monggo sesarengan kito ngaturaken raos syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring nikmat, hidayah lan taufik dateng kito sedoyo. Katitik kito saget makempal wonten ing majlis meniko kanthi wilujeng mboten wonten alangan nirboyo nir sambikolo
Rahmat ta’dhim soho rahmat keselametanipun Allah mugi-mugi katur dateng Nabi Agung Muhammad SAW. Panjenenganipun rasul ingkang kautus Allah SWT. Kangge amilujengaken poro manungso saking ndunyo dumugi akhirat.
Poro  bapak soho poro ibu jama’ah yasinan ingkang kulo hormati, ndalu puniko Bapak ...... sak keluargo anggadahi hajat inggih puniko kintun do’a soho nyuwunaken pangapunten dumateng almarhum/mah
1.      .
2.      .
3.      .
Ingkang sampun sowan marak dumateng Allah SWT. Awit saking puniko kulo lan panjenengan sami dipun suwun panyengkuyungipun inggih kanthi maos surat yasin soho tahlil.
Mugi-mugi kanthi waosan surat yasin soho tahlil samangkih arwahipun ............... dipun ngapunten sedoyo kalepatanipun, lan dipun tampi sedoyo amal kesaenanipun rikolo sugeng ing alam dunyo.
Poro bapak soho poro ibu jama’ah yasinan ingkang kulo hormati, monggo kito awiti waosan yasin ing ndalu puniko kanti kulo derek’aken ..................
Penutup
Poro bapak soho poro ibu jama’ah yasinan ingkang kulo hormati, mekaten kulowau waosan surat yasin soho tahlil sampun kalampahan kantilancar lan gangsar mugi-mugi menopo ingkang dados niat lan hajatipun Bapak .... estu-estu dipun ijabahi kalian Allah SWT. Amiin
Atas nami sohibul bait Bapak ... ngaturaken agunging panuwun atas karawuhan lan do’a panjenengan sami, lan nyuwun pangapunten mbokbilih anggenipun paring pahurmatan pinara’an ugi hidangan mboten nocoki dumateng panjenengan sami.
Wasono cekap semanten anggen kulo matur, mbok bilih wonten kirang langkung atur kulo dumateng panjenengan sami, kulo nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamu’alaikum Wr Wb