Showing posts with label pidato. Show all posts
Showing posts with label pidato. Show all posts

Pidato Perpisahan Sekolah bahasa jawa





Assalamu’alaikum Wr. Wb
Dumateng Bapak Budiyono, S.Pd, M.Pd ingkang kawulo hormati, ugi Bapak/ Ibu guru ugi karyawan SMPN 1 Sumowono ingkang kawulo hormati ugi kawulo bekteni , ugi mboten kesupen kagem rencang-rencang lan adik kelas VII lan VIII ingkang kawulo tresnani.
Ingkang kaping setunggal sumonggo kito tansah ngaturaken puji syukur wonten nbgarso dalem Allah SWT, ingkang sampun paring kenikmatan ugi kerohmatan hidayah ugi inyahipun dumateng kito sedoyo, saenggo kito saged makempal wonten perpisahan kelas IX puniko.
Mugi kepareng kulo Slamet Budi Utomo minongko wakilipun kelas IX A bade matur dumateng bapak – ibu guru soho rencang-rencang ingkang rawuh wonten mriki.
Satunggaling kulo dalah sedoyo siswa lan siswi SMPN 1 Sumowono ngaturaken agunging panuwun awit saking kawelasan soho keikhlasan bapak – ibu guru ingkang sampun kerso mbimbing, ugi ngarahaken kito sedoyo dumugi sak meniko wekdal. Saenggo kito sedoyo saged lulus 100% anggenipun nderek ujian nasional ing tahun meniko
Saklajengipun kulo dalah sedoyo siswa – siswi SMPN 1 Sumowono saged mamuji, mugi-mugi sedoyo amal kesaenan bapak – ibu guru pikantuk piwales saking gusti Allah SWT ingkang maha agung. Saha tansah kaparingan kasarasan ugi katentreman.
Ingkang selajengipun kulo dalah rencang-rencang nyuwun pangapunten dumateng bapak – ibu guru ugi sedoyo karyawan SMPN 1 Sumowono meniko, mboten kesupen kulo dalah rencang-rencang nyuwun tambahing donga pangestu mugi kito sedoyo saged  ngeraih punopo ingkang dados cita-cita kulo dalah rencang-rencang sedoyo.
Wasana cekap semanten atur kawulo, mbok menawi katah kalapetanipun atur akwulo soho solah bawa ingkang mboten  mranani penggalaih, kawulo mawantu-wantu nyuwun agunging pangapunten.
Cekap semanten anggen kawulo matur , kawulo akhiri akhirul kalam
Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb