Pidato perpisahan sekolah bahasa jawa




Assalamu ‘alaikum Wr Wb
Bapak kepala sekolah ingkang kulo kinormatan,
Para bapak saha ibu guru ingkang kulo hormati , para tamu undangan ingkang kulo hormati lan sedaya kanca ingkang kula tresnani
Sumonggo kita sedaya sesarengan ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang maha kuwaos jalaran awit saking rahmat saha kanugrahanipun kita sedaya taksih saged kepanggih lan makempal wonten ing aula meriki kanthi kaparingan kabagas warasan tuwin nir ing rubeda mboten kirang satunggal punapa.
Kejawi saking menika, kapareng kulo matur , kula minangkani sesulihing atur kanca-kanca ngawontenaken perpisahan sekolah kelas IX, ing sekolah mriki, ngaturaken sugeng rawuh lan matur nuwun sanget awit panjenengan sedaya sampun kersa ngerawuhi pengetan menika
Bapak saha ibu guru , para tamu undangna dalah sedaya kanca ingkang kula hormati ing dinten menika ngawontenaken perpisahan kelas IX kita kedah ngaturaken puji syukur kunjuk ngarsanipun gusti ingkang maha tunggal lan atur panuwun dumateng para siswa kelas IX ingkang sampun ujian mugi mugi nilainipun sae lan saged kaparingan lulus. Para siswa kelas IX sak sampunipun lulus saking sekolah menika saged ngelajengaken sekolah ingkang langkung inggil lan saged migunani kagem tiyang sepahipun , ugi nagari
Para tamu undangan ingkang kula hormati, saha para kanca ingkang kula tresnani, kula sak kanca nyuwun pangapunten sak dangunipun makempal wonten sekolah mriki, ugi nyuwun agunging pangapunten menawi acara punika kirang sae lan mbok menawi katah kekiranganipun nyuwun agunging pangapunten ingkang katah
Mekaten ingkang saged kula aturaken
Wassalamu ‘alaikum Wr Wb


No comments: