Pidato Bahasa Jawa Perpisahan sekolah kelas 9





Assalamu’alaikum Wr Wb
Dumateng panjenenganipun Bapak Budiyono, S.Pd, M.Pd minangkani pangarso SMP N 1 Sumowono ingkang satuhu kinurmatan.
Dumateng Bapak Ibu dalah sedoyo Karyawan SMP Negeri 1 Sumowono ingkang kulo bekteni
Sedoyo rencang-rencang lan adik-adik kelas VII, VIII ingkang kulo tresnani.
Ingkang rumiyen sumangga kita tansah muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang maha agung, ingkang sampun maringi nugraha arupi kasarasan saengga kula lan panjenengan sedaya saged makempal wonten ing adicara perpisahan kelas IX kanti wilujeng widodo mboten setunggal rubedo.
Wonten ing wekdal menika, kaparenga kula Agung Panuwun minangkani wakilipun kelas IX E ngadeg ing ngarso panjenengan sami, sak perlu mranata adicara perpisahan kelas IX menika
Ingkang sepisan kula ngaturaken agunging panuwun dumateng bapak ibu guru ingkang sampun susah payah paring piwulang dumateng kula dalah rencang-rencang. Ananging kula dalah rencang-rencang mboten saged atur piwales punopo-punopo. Amung saged ndedonga mugi-mugio bapak ibu guru sedoyo pikantuk rohmating sakig Allah subhanahu wa ta’ala, amiin amiin ya robbal ‘alamin.
Ingkang kaping kalih dumateng adik kelas VII soho kelas VIII sak rencang-rencang, kula nyuwun pangapunten mbok bilih kula ugi rencang-rencang anggadahi perilaku ingkang kirang prayogi ugi mboten mranani ing penggalih panjenengan sedoyo.
Mekaten para rawuh rerantaming adicara perpisahan kelas IX dinten menika. Sinambi nengga samudayanipun siyaga kasuwun para rawuh nyekecakaken lelenggahan kanti mardikaning penggalih ing palenggahan ingkang sampun kacawisaken.
Cekap semanten ingkang saged kula aturaken, menawi wonten kalepatanipun kulo mawantu-wantu nyuwun agunging pangapunten ingkang tanpa upami.
Wasana kawulo akhiri akhiru kalam wabillahi taufiq wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr Wb

No comments: