Pidato Perpisahan kelas IX/ Wasana Warsa Bahsa Jawa





Assalamualaikum Wr Wb
Dhumateng Bapak Budiyono S.Pd, M.Pd minangka pangarsa SMP Negeri 1 Sumowono ingkang satuhu kinormatan.
Bapak lan ibu guru sarta karyawan ingkang kula bekteni lan para rencang lan adik-adik ingkang kula tresnani.
Ingkang rumiyen, sumangga kita tansah ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng Ghusti Allah swt ingkang sampun pareng rahmat, taufik, sarta hidayah dhateng kula lan panjenengan sedaya. Saengga kita saged makempal wonten ing acara perpisahan kelas IX khanti mboten wonten alangan punopo.
Shalawat saha salam mugi katur dhumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad saw. Ingkang kita ajeng-ajeng syafa’atipun benjang ing yaumil qiyamah.
Mugi kepareng kula Dedeh Kalisna wakilipun kelas IX D matur dhumateng Bapak/Ibu guru lan rencang-rencang ingkang sampun rawuh wonten mriki.
Ingkang sepisan, kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak/Ibu guru ingkang sampun maringi piwulang dhateng kula lan rencang-rencang sedaya.
Ingkang angka kalih, kula lan rencang-rencang ngaturaken pangapunten ingkang kathah dhumateng Bapak/Ibu guru menawi wonten kalepatipun ing tigang warsa puniko.
Igkang angka tigo, kula lan rencang-rencang sedaya nyuwun donga restunipun dhumateng Bapak/Ibu guru sak sampunipun kula sinau wonten ing SMP punika lan mugi kula dalah rencang-rencang sedaya pareng ilmu ingkang kathah lan bisa nggayuh cita-cita.
Ingkang angka sekawan, dhumateng adik-adik kelas 7 lan 8, kula lan rencang-rencang sedaya nyuwun pangapunten menawi wonten kalepatan.
Cekap semanten ingkang saged kula aturaken, menawi wonten kalepatan saha kesripahan kula nyuwun pangapunten ingkang saget. Kula akhiri. Wabilahi taufik walhidayah
Wassalamualaikum Wr. Wb

No comments: