PIDHATO BAHASA JAWA TEMA PERPISAHAN KELAS IX





WASANA WARSA
Assalamu’alaikum Wr Wb
Ingkang kinurmatan bapak Budiyono, S.Pd, M.Pd minangka pangarsa SMP N 1 Sumowono, ugi bapak ibu guru lan karyawan ingkang kula hormati, sedoyo rencang-rencang lan adik– adik kelas VII, VIII, ingkang kula tresnani
Ingkang rumiyin sumangga kita ngaturaken puji syukur dumateng gusti ingkang maha agung ingkang sampun maringi rahmat nikmat sertanipun hidayah, saengga kita sedaya saget makempal wonten adicara perpisahan kelas IX sak menika
Mugi kapareng kula Indra Ayu Lestari minangka wakilipun kelas IX D matur dumateng bapak/ibu rencang-rencang ingkang rawuh wonten mriki
Wonten adicara menika kula dalah rencang-rencang ngaturaken agunging panuwun dumateng bapak/ibu guru ingkang sampun paring piwulang. Kula sak kanca namung saged dedonga mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan bapak/ibu guru pikantuk piwales saking gusti ingkang maha agung
Mboten kesupen kula sakkanca nyuwun agengipun pangapunten menawi gadah kalepatan ingkang dipun sengaja utawi mboten dipun sengaja.
Kula sak rencang nyuwun donga restunipun dumateng bapak/ibu guru kangge nerusaken pawiyatan ingkang inggil mugi-mugi kula sak rencang saged nggayuh cita-citanipun ingkang sampun diidam-idamaken
Cekap semanten ingkang saged kula aturaken menawi wonten kalepatan kula nyuwun agunging pangapunten, kula akhiri
Wassalamu’alaikum Wr Wb


No comments: