MC Pengantin Bahasa Jawa



Assalamu’alaikum wr wb
Katentreman, kabagaswarasan, dalah sih kanugrahaning gusti, mugi tansah lumintu, tumedak tuwin tumanduk wonten ing sarira handiko sami sagunging para lenggah ingkang piniji nuwun nuwun kula nuwun
Dumateng panjenenganipun bapa .... ingkang kepareng sedya hambabaraken menggah lampahing sarasehan ingkang sinuba ing pakurmatan.
Dumateng panjeneganipun bapa ... minangka ingkang kagungan dalem ingkang satuhu pantes lumintu sinudarsana
Saha para kadang werda, kadang muda, ingkang kanti sak estu sedya nduda , nduduk, tuwin nguri-uri kabudayan jawi ingkang sinungka ing agunging akrami
Kanti andap asoring jiwa lan raga kepareng kula ha nempil kawibawan panjenengan sami. Ingkang katemben wawan sabda sarowang. Inggih awit keparenging para kadang kula ingkang tinanggenah. Kinen hangan ndarakaken menggah laksitaning adicara ingkang bade lumampah.
Ha nanging sak derengipun kula ngaturaken wosing gatining sedya sumangga panjenegan sami tansah kula derekaken ngluhuraken asmaning gusti ingkang maha kuasa. Inggih awit agenging sih kaberkahan dalah sih kanugrahanipun, sahingga wonten ing kalodangan menika panjenengan sami dalah kula saged kempal manunggal kanti mboten manggihi alangan satunggal punapa.
Awit saking menika sumangga kawijilaken lisan kanti waosan hamdalah sesarengan kula derekaken. Alhamdulillahi robbil ‘alamiin
Para ndene reruba dalah sih kawilujengan mugi tansah kunjuk wonten ing ayunan dalem nabi agung Muhammad SAW ingkang kepareng paring syafaat awit alam dunya ngatos dumugining alam akhirat amin ya robbal ‘alamin
Inggih kanti ndudah, nduduk, tuwin hamemetri kabudayan jawi ingkang tansah hanenggenaken ing tata krami mugia panjenengan sedaya dalah kula sageta mahanawi triniti yogya ingkang minangka darmaning bebrayan, jumbuh dateng gegayuhaning pepanggihan.
Dumateng sagunging para lenggah ingkang dahat sinudarsana, sak derengipun acara kalampah, kepareng kula wedaraken rerantamanipun adicara ingkang bade kalampah wonten ing kalenggahan menika
1.      Menggah adicara ingkang sepisan inggih menika atur pambuka ingkang kepareng tinarbuka sesarengan kanti waosan ummul kitab
2.      Menggah adicara ingkang kapindo inggih menika tumapaking gegladen sesarengan, ingkang sumangkeh kaderekaken deneng bapa.....
3.      Candaking adi cara ingkang kaping tiga inggih menika atur tanggap wacana saha pamit saking para kadang, kalajengaken atur waluyan
4.      Minangka adicara ingkang pungkasan inggih menika hastungkara purna
Sagung para lengggah ingkang satuhu sinung bagyo, Mekaten kalawau menggah rancaking adicara ingkang kepareng bade tumapak, saha gegandengan wekdal sampun prayogi anggenipun lelampahing adicara tinarbuka
Awit saking menika sumangga sesarengan kabuka kanti waosan biyanging kintaka kula derekaken. Al fatikhah .....
Mekaten kalawau menggah waosan umul kitab ingkang sampun kawaos sesarengan mugi berkahing waosan kalawau mboten namung dadosaken gancar lancaring adicara ingkang kepareng bade lumampah, hananing mugi handayani tambahing kaweruh jumbuh ingkang ginayuh
Ngancik ing adicara  kapindo inggih menika gegladen sesarengan ingkang bade kaderekaken deneng bapa ..... awit saking menika menggah wekdal kasumanggaaken
Dungkap ing adicara kaping tiga inggih menika tur tanggap wacana saha pamit saking para kadang, ingkang kapareng kawaragani deneng bapa .... dumateng panjenenganipun kasumanggaaken
Menggah adicara ingkang sak lajengipun atur wiluyan ingkang kapareng kawedar deneng bapa .... menggah wekdal sak wetahipun kasumanggaaken
Minangka adicara ingkang pungkasan inggih menika kepareng kapurnani kanti hastungkara purna. anggenipun kula pitados yento ing sedaya pagelaring atur kula kirang tata rakiting basa, kengeng parama sastra dalah kirang renggep ing wicara, kula hanamung kuwawa nyuwun lumunturing samudra pangaksama dumateng panjenengan sedaya.
ing wasana, billahi taufiq wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr Wb

No comments: