Showing posts with label pembawa acara / pembagyo. Show all posts
Showing posts with label pembawa acara / pembagyo. Show all posts

Contoh Penutup Pembawa acara atau MC dalam suatu acara dengan menggunakan bahasa Jawa



PENUTUP PEMBAWA ACARA
Foto Hanya sebagai pemanis saja



Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh
A’udzubillahi Minasyaithonirojiim, Bismillahirrohmanirrohiim
Assolatu Wassalamu ‘Ala Sayyidina Rosulillah, Wa ‘Ala Alihi Wasohbihi Waman Walah Amma Ba’du.
Dumateng panjenengan bapak ................ sak keluargo ingkang kulo hormati, dumateng poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati ugi.
Sepindah monggo kito sesarengan muji syukur wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang sampun maringi mapinten-pinten kenikmatan soho kerohmatan dumateng kulo lan panjenengan sami sahinggo kulo lan panjenengan sami, saged makempal maos solawat Diba’ kanti ginanjar wilujeng mboten manggihi halangan setunggal punopo kemawon, Aamiin Aamiin Ya Robbal ‘Alamaniin.
Sholawat sarto salam kito kunjukaken wonten ngarso dalem junjungan kito nabi agung Muhammad SAW ingkang kito antu-antu syafa’atipun mbenjang wonten ing yaumul qiyamah. Aamiin Aamiin Ya Robbal ‘Alamaniin
Kaping kalihipun kulo ing mriki minangkani dados talang aturipun bapak ....... Sak keluargo ingkang sepindah ngaturaken matur nuwun dumateng poro rawuh sedoyo ingkang sampun kerso rawuh wonten griyo kulo puniko maos Diba’ kanti ginanjar wilujeng mboten manggihi halangan setunggal punopo kemawon. Aamiin Aamiin Ya Robbal ‘Alamaniin
Ingkang kaping  tigo, kulo nyuwunaken pangapunten bapak ...... sak keluargo, mbok bilih bapak ...... sak keluargo, anggenipun nyediani panggenan  soho maringi pasugatan kirang mranani wonten penggalih poro rawuh sedoyo kulo ingkang nyuwunaken pangapunten ingkang katah. kapundut saking atur ibu-ibu kolo wau sampun nyuwun pamit, bapak ...... sak keluargo tansah  derekaken sugeng kondur lan mbok bilih poro rawuh sedoyo bade nerasaken anggenipun lelenggahan soho wawan pangendikan, bapak ...... sak keluargo inngih tansah nyumanggaaken.
Mekaten atur kulo, mbok bilih anggen kulo matur, awit awal dumugi akhir katah klinta klintunipun, kulo pribadi nyuwun pangapunten ingkang katah, kulo akhiri
Wassalamu ‘Alaikum Worohmatullahi Wa Barokatuh

contoh salam pembuka atau mukadimah pengajian/ pembawa acara dalam bahasa jawa



PEMBUKA

Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh
A’udzubillahi Minasyaithonirojiim, Bismillahirrohmanirrohiim
Assolatu Wassalamu ‘Ala Sayyidina Rosulillah, Wa ‘Ala Alihi Wasohbihi Waman Walah Amma Ba’du.
Dumateng panjenengan ibu atau bapak ................ tiyang sakeluargo ingkang kulo hormati, dumateng poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati ugi.
Sepindah monggo kito sesarengan muji syukur wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang sampun maringi mapinten-pinten kenikmatan soho kerohmatan dumateng kulo lan panjenengan sami sahinggo kulo lan panjenengan sami, saged makempal maos solawat berjanji kanti ginanjar wilujeng mboten manggihi alangan setunggal punopo kemawon, Aamiin Aamiin Ya Robbal ‘Alamaniin.
Sholawat sarto salam kito kunjukaken wonten ngarso dalem junjungan kito nabi agung Muhammad SAW ingkang kito antu-antu syafa’atipun mbenjang wonten ing yaumul qiyamah. Aamiin Aamiin Ya Robbal ‘Alamaniin
Kaping kalihipun kulo ing mriki minangkani dados talang aturipun ibu-ibu sedoyo  ingkang sepindah ngaturaken matur nuwun dumateng bapak ........ sak keluargo ingkang sampun nyediani panggenan soho maringi pasugatan arupi punopo kmeawon ingkang sampun dipun rahapi sesarengan.
Ingkang angka tigo kulo bade nyuwunaken pangapunten, dumateng bapak ....... sak keluargo, mbok bilih kulo soho ibu-ibu sedoyo kirang sopan anggenipun lelenggahan soho wawan pangandikan, kulo ingkang dados talang aturipun nyuwun pangapunten ingkang katah, sak rehning wekdal sampun sak wentawis ndalu, kulo soho ibu-ibu sedoyo bade nyuwun pamit.
Cekap semanten atur kulo, mbok bilih anggen kulo matur, awit awal dumugi akhir katah klinta klintunipun, kulo pribadi nyuwun pangapunten ingkang katah, kulo akhiri
Wassalamu ‘Alaikum Worohmatullahi Wa Barokatuh

Pembawa Acara bahasa jawa



Assalamu’alaikum Wr. Wb
            Alkhamdulillahi robbil alamin wabihi nastainu ala umuriddeun’ya waddin wa’ala alihi washohbihi ajma’in, amma ba’du. wonten pangersanipun Bp. ............... soho perangkatipun ingkang kawulo hormati, dumateng panjenenganipun sohibul bait Bp. .............. soho keluargo ingkang  ugi kito hormati lumeber dumateng Bapak – Bapak wargo lingkungan rt 03 ingkang kawulo tresnani.

            Ingkang sepindah monggo kito tansah ninggahaken raos syukur dumateng Allah S.W.T ingkang sampun paring pinten – pinten kenikmatan dumateng kito sedoyo. alhamdulillah wonten ndalu puniko kito saget kempal manunggal wonten puniko majlis kanti mboten manggihi alngan punopo – punopo monggo kito tekroraken takmit billisan kanti sesarengan alhamdulillahirobil alamin.

            Ingkang kaping kalihipun sholawat soho salam mugi katur dumateng junjungan kito Nabi Muhammad S.A.W  mugi – mugi kito tansah pinaringan syafaatipun mbenjang wonten yaumil kiamah amin allaahumma amin.

            Ngingeti wekdal sampun sak antawes ndalu kawulo wonten teng mriki dados pembagyo acoro ingkang bade kelampah, dene susunanipun acoro kawulo waosaken ing puniko, ingkah sepindah inggih puniko :
1.      Pembuko
2.      Waosan Yassin Sesarengan
3.      Sambutan – Sambutan
-    Sambutan Bp. Bendahara
-    Sambutan Bp. Dendan
-    Sambutan Bp.Rt
4.      Inti Musyawaroh
5.      Lain – Lain
6.      Atur Shohibul Bait
7.      Do’a Kifarotul Majlis
           
            Mekaten kolo wau adicoro ingkang badhe kelampah, ananging sakderengipun acoro kawiwitan monggo kito bikak kawulo dedereaken. lihadrotillahi walisyafaati rosulillahi lahumul fatikhah ...............

            Mekaten kolo wau waosan umul kitab ingkang sampun kito waos sesarengan mugi – mugi andadosaken lancaripun acoro ing wekdal ndalu puniko.

            Lan acoro sak lajengipun inggih puniko waosan yassin sesarengan ingkang badhe dipun ka’imami dumateng panjenenganipun Bp. ..............

            Lan acoro sak lajengipun atur pamit saking wargo lingkungan RT. 03 ingkang badhe dipun wakili panjenenganipun Bp. .............

            lan acoro saklajengipun atur saking sohibul bait dumateng panjenenganipun Bp. .............. sak derengipun acoro dipun tutup mbok bilih anggen kawulo nderekaken lampahipun acoro awit awal dumugi akhir katah klenta klentunipun atur kawulo pribadi nyuwun aghunging pangapunten. cekap semanten ingkang kawulo waget aturaken kawulo akhiri

Wassalaamu’alaikum Wr. Wb

MC Pengantin Bahasa Jawa



Assalamu’alaikum wr wb
Katentreman, kabagaswarasan, dalah sih kanugrahaning gusti, mugi tansah lumintu, tumedak tuwin tumanduk wonten ing sarira handiko sami sagunging para lenggah ingkang piniji nuwun nuwun kula nuwun
Dumateng panjenenganipun bapa .... ingkang kepareng sedya hambabaraken menggah lampahing sarasehan ingkang sinuba ing pakurmatan.
Dumateng panjeneganipun bapa ... minangka ingkang kagungan dalem ingkang satuhu pantes lumintu sinudarsana
Saha para kadang werda, kadang muda, ingkang kanti sak estu sedya nduda , nduduk, tuwin nguri-uri kabudayan jawi ingkang sinungka ing agunging akrami
Kanti andap asoring jiwa lan raga kepareng kula ha nempil kawibawan panjenengan sami. Ingkang katemben wawan sabda sarowang. Inggih awit keparenging para kadang kula ingkang tinanggenah. Kinen hangan ndarakaken menggah laksitaning adicara ingkang bade lumampah.
Ha nanging sak derengipun kula ngaturaken wosing gatining sedya sumangga panjenegan sami tansah kula derekaken ngluhuraken asmaning gusti ingkang maha kuasa. Inggih awit agenging sih kaberkahan dalah sih kanugrahanipun, sahingga wonten ing kalodangan menika panjenengan sami dalah kula saged kempal manunggal kanti mboten manggihi alangan satunggal punapa.
Awit saking menika sumangga kawijilaken lisan kanti waosan hamdalah sesarengan kula derekaken. Alhamdulillahi robbil ‘alamiin
Para ndene reruba dalah sih kawilujengan mugi tansah kunjuk wonten ing ayunan dalem nabi agung Muhammad SAW ingkang kepareng paring syafaat awit alam dunya ngatos dumugining alam akhirat amin ya robbal ‘alamin
Inggih kanti ndudah, nduduk, tuwin hamemetri kabudayan jawi ingkang tansah hanenggenaken ing tata krami mugia panjenengan sedaya dalah kula sageta mahanawi triniti yogya ingkang minangka darmaning bebrayan, jumbuh dateng gegayuhaning pepanggihan.
Dumateng sagunging para lenggah ingkang dahat sinudarsana, sak derengipun acara kalampah, kepareng kula wedaraken rerantamanipun adicara ingkang bade kalampah wonten ing kalenggahan menika
1.      Menggah adicara ingkang sepisan inggih menika atur pambuka ingkang kepareng tinarbuka sesarengan kanti waosan ummul kitab
2.      Menggah adicara ingkang kapindo inggih menika tumapaking gegladen sesarengan, ingkang sumangkeh kaderekaken deneng bapa.....
3.      Candaking adi cara ingkang kaping tiga inggih menika atur tanggap wacana saha pamit saking para kadang, kalajengaken atur waluyan
4.      Minangka adicara ingkang pungkasan inggih menika hastungkara purna
Sagung para lengggah ingkang satuhu sinung bagyo, Mekaten kalawau menggah rancaking adicara ingkang kepareng bade tumapak, saha gegandengan wekdal sampun prayogi anggenipun lelampahing adicara tinarbuka
Awit saking menika sumangga sesarengan kabuka kanti waosan biyanging kintaka kula derekaken. Al fatikhah .....
Mekaten kalawau menggah waosan umul kitab ingkang sampun kawaos sesarengan mugi berkahing waosan kalawau mboten namung dadosaken gancar lancaring adicara ingkang kepareng bade lumampah, hananing mugi handayani tambahing kaweruh jumbuh ingkang ginayuh
Ngancik ing adicara  kapindo inggih menika gegladen sesarengan ingkang bade kaderekaken deneng bapa ..... awit saking menika menggah wekdal kasumanggaaken
Dungkap ing adicara kaping tiga inggih menika tur tanggap wacana saha pamit saking para kadang, ingkang kapareng kawaragani deneng bapa .... dumateng panjenenganipun kasumanggaaken
Menggah adicara ingkang sak lajengipun atur wiluyan ingkang kapareng kawedar deneng bapa .... menggah wekdal sak wetahipun kasumanggaaken
Minangka adicara ingkang pungkasan inggih menika kepareng kapurnani kanti hastungkara purna. anggenipun kula pitados yento ing sedaya pagelaring atur kula kirang tata rakiting basa, kengeng parama sastra dalah kirang renggep ing wicara, kula hanamung kuwawa nyuwun lumunturing samudra pangaksama dumateng panjenengan sedaya.
ing wasana, billahi taufiq wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr Wb